Cari Blog Ini

Kamis, 30 Juni 2011

OREK OREK

Image and video hosting by TinyPic

*DHALANG POER*

****Orek orek catetan penting
Dudu joget dudu gending
Nuswantoro dulur sih gonjang ganjing
Sebab wong penting dulur sih doyan maling

***orek orek tanpo kwitansi
Suap menyuap butuh strategi
Go njagani dulur yen diadili
Kari ngomong pak hakim ora ono bukti

**Maling maling dulur angel nyekele
Wong sing nyekel dulur kancane pak'e
Di amplopi ewuh atine
Timbang bingung dulur tampani wae

*Maling maling dulur lewat rekening
Luwih aman rekening pona'an
Sepisan nyikat nganti milyatan
Sopo nuntut dulur di bayar pisan
he....he......

****Kasus kasus ora di lanjut
Setor udut kasus di cabut
Sekenario sing mesti cuman basa basi
Cukup kedep pak hakim ngerti do ngerti

***Orek orek tulisan kain
Demonstrasi sing keno duding
koco pecah jare anarki
Nanging sing korup dulur manusiawi

**Orek orek dulur noto negoro
Penyakite tambahlah roto
Opo mandi sumpae kromo ludiro
Uluh jowo bakale nelen samodro

*Orek orek dulur dudu pitutur
Mung catetan dulur sing rodo nyingkur
Orek orek soko dalang poer
Cukup semene dulur aku tak ngluyur

Ndelok demo.....

download lagu orek orek dhalang poer klik disini

Tidak ada komentar:

Posting Komentar