Cari Blog Ini

Jumat, 17 Juni 2011

langit mendung kuto ngawi

*Dhalang poer*

Jan.....
Tak tulis layang iki
Naliko langit kebak mendung
Gawang-gawang katon lelakon kang wis kepungkur
Naliko tak sawang netramu ing tegal papungan
Tak laras pipimu ing watu kendal
Tak geget ladimu ing sendang glagah
Ah.....
Nanging ora jeng
Jebul tresnamu cetek koyo kali kang kebak padas
Ringkih koyo kayu gapuk
Garing koyo jati aking
Aku wis ora duwe pengarep-arep maneh jeng....
***********
**Dalan iki biyen nate tak liwati
Nalikane langit mendung kuto ngawi
Sendang glagahwis ken urip jeroning ati
Saben liwat aku ora biso lali
Tak ulati isik koyo wingi uni
Ora kroso luh tumetes brebes mili
Roso ngangut yen katon pan tonpo pagut
Katresnanku rinenggo turbaning pesti
**********************

Tidak ada komentar:

Posting Komentar